Saturday, March 17, 2007

Krisna War Chariot ..



Nalika isih mudha, jenenge Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing kraton Dwarawati iki sawijining turuning Yadhu. Dheweke anake basudewa, Raja Mandura. Garwa-garwane yaiku Dewi Jembawati, Dewi Rukmini lan Dewi Setyaboma. Dene putra-putrine yaiku: Boma Narakasura, Raden Samba, lan Siti Sundari.

Ing Bharatayudha, Kresna ora melu cawe-cawe langsung. Kresna mung ngatur sapa kang bakal dadi senopati. Nanging sadurunge perang diwiwiti, Kresna dadi utusan kanggo Pandhawa menyang Kurawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Dene nalika Arjuna arep tandhing lawan Adhipati Karna, Kresna menehi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo sedulure dhewe. Wejangan iki kondhang ing India tinulis ing Bhagawad Gita.

Pungkasaning crita, Kresna kena pitulahe sepata turuning namgsa Yadhu kang kudu tumpes.

Gaman:

  • Senjata Cakra: Panah awujud cakra (bunder kaya rodha) lan lancip ing pucuke.
  • Cangkok Kembang Wijaya Kusuma: awujud cangkoking kembang kang bisa ngusadani wong lara utawa mati sadurunge wektune.
  • Kaca Paesan: Kaca kang bisa kanggo meruhi apa kang bakal kelakon.


Wikipedia